Cara Terampuh Mengatasi Malas Dalam Hal Apapun

Assalamu'alaikum wr.wb
Sebelum membahas Cara Terampuh Mengatasi Malas Dalam Hal Apapun ini saya akan cerita sedikit tentang diri saya. Dulu saya ini adalah manusia yang termalas sedunia (aku jujur lo rek) sampek-sampek aku seng ape budal nang kampus wae malese masak alah lak jarene ibukku"gak nduwe gairah hidup". Ora iku tok rek, seng paleng tak nggumuni iki mangan elo rek. Aku mangan iki yo males pisan rek, Sampek-sampek aku gak mangan 3ng dino. AKHIRE, aku mikir'''' aku iki males kenek opo yo????. Aku cobak takon nang kanca-kancaku wektu iku : pertama, aku takon nang Yahya (arek e tak celok PAK). Aku :"Pak, lapo yo aku iki kok malese?". Yahya"sebab kontrakanmu enek Wi-Fi ne bal". (hhh iyo rek lali aku, jenengku Iqbal) Aku"owlah, ngunu yo pak?". (aku karo mesem-mesem, memang wektu iku kontrakanku onok Wi-Fi ne rek), ke loro, aku takon nang Gelbes. Aku : "bes lapo yo aku kok males?". Jare arek e "kurang piknik rek". wes yo rek, sak mono ae ceritoku. Aku cerito kuwi tujuane ngeke i weroh awakmu-awakmu kabeh, lek aku iki wonge males rek.( hhhh ternyata gak awakmu pisan rek, aku yo males pisan, bahkan ngluwihi awak-awakmu iki rek.
dadi ngene rek, menurut pengalamanku cah-cah males kuwi bingong ape nyapo. Iyo gak? pasti iyo. dadi ngatasi males kuwi                                                                                                                                                                                                                                                                                              

1. Nggawe jadwal                                                                                                                                                  
       Dadi pertama kuwi gawe jadwal kegiatan seng arep mbok lakoni ( WAJIB). dadi pilihen rek! kegiatan seng mbok senengi opo. Basket, maen bal-balan, dan lain-lain.
                                                                                                         
2. Lakonono jadwalmu seng wes mbok tentokne                                                                                   
     
       Dadi, lak wes nduwe jadwal kegiatan lakonono rek. Berfikir iku sekali, sakwise tindakan. Dadi ibarat perang awakmu kuwi ngatur setrategi disek, maringono perang. Mosok ngator strategi terus, yo di bacok musuh.

3. Menunda-nunda
      
        Ojok sampek nunda-nunda wektu rek!. Dadi lak nang jadwalmu jam 5 tangi. Jam 5 yo kudu tangi. Emboh pie carane pokok e awakmu kudu tangi rek.

4. Masa berat
      
        Awakmu iki rek, bakal nglewati masa berat. Dadi awakmu bakal ngrasakne waktu males nglakoni opo seng mbok jadwalne. Gpp rek, peksonen wae!. Sebab, iki pusat malesmu seng kudu ditutup. Dadi peksonen wae rek.

5. Mlaku-mlaku
       
        Tak kandani rek, urep kuwi penak. Dadi lakonono kegiatanmu ojok terlalu serius!. Urep kuwi guyonan, dadi lak wong urep lali karo guyonan berarti uripe rugi. Mangkakne kuwi, awakmu iku kudu refreshing. Dolan rek, nang pantai, muncak, terserah wes rek. Akeh tempat seng apik gawe refreshing. Arek enom mosok gak dolan. hhhh.

Pesenku " ojok lali sholat rek " uripe mulai ditoto teko saiki. Urep kuwi penak, lak jek jare Gus Dur " gitu aja kok repot.

         Wes yo rek, kesuwon wes moco tulisanku. mugo-mugo manfaat. Wallahua'lam.
                                                           
 Wassalamu'alaikum wr. wb.

        
       
          

      Komentar

      1. monggo seng ape komen, usulan, masukan atau apalah yang penting bersifat membangun. Awak dewe terbuka rek, OK.

        BalasHapus

      Posting Komentar

      Postingan populer dari blog ini

      politik 2018